Kamis, 06 September 2018

Basa lan Sastra Cerbon Dermayu



PELAJARAN 1
     GUNEMAN


DOLANAN BAL-BALAN

Hasil gambar untuk anak anak bermain bola
             
          Guneman utawa obrolan Ambari lan Gibran.Isi obrolan Ambari lan Gibran iku masalah dolanan bal-balan sareng rencang-rencange.Ambari kang lagi clingak-clinguk dewekan ning griyae kaget asale ana suarae Gibran.
Gibran  : Hoi....,lg apa sing mau delengane clangak-clinguk keder dewek kuh ?
Ambari : Ya Bran,sing mau kula nunggu sampeyan.
Gibran  : Kepripun,wonten priyogi punapa?Kedelangane penting pisan!
Ambari :lah...,klalen tah,ari dina kien duwe janji sareng kula lan rencang-rencang!
Gibran  :Janji punapa ya,kulae klalen!
Ambari :Dolanan bal-balan ning stadion Bima,masa sih klalen.
Gibran  :Ooooh,nggih kula nembeh inget.
Ambari :Yo wis,ayo gage mangkat ning stadion Bima.
Gibran  :Ari bolae sampun di gawa dereng?
Ambari :Dereng,bolae wonten teng griyae kula.Mengkin kula kang mbakta bae.
Gibran  :Enggih leres.Mangga-mangga.Ari rencang-rencang wis sampun wonten teng stadion Bima                   tah?
Ambari :Uwis sing mau,kiuen lg nunggu kula lan sampeyan.
Gibran  :Ya wis gage mangkat.
Ambari : Enggih leres.



PITAKON BAB WACAN

1.Sinten mawon tokoh-tokoh ingkang wonten teng guneman niku?
    
     Jawab: Ambari lan Gibran.

2.Napa bisa diarani guneman?
   
     Jawab: Asale guneman niku obrolan loro wong utawi luwih.

3.Topike apa guneman niku?

    Jawab: Dolanan Bal-balan.

4.Punapa Gibran ngageti Ambari?

   Jawab: Asale Ambari clangak-clinguk dewekan bae.

5. Wonten bab napa Ambari nunggu Gibran?

   Jawab: nunggu Gibran mangkat dolanan bal-balan.

6. Tempate teng punfi dolanan bal-balan iku

   Jawab: Teng Stadion Bima.

7. Wonten teng griyae sinten bola kang dereng dibaktae?

   Jawab: Teng Griyae Ambari.

8.Sebataken ukara-ukara kunci ingkang wonten teng guneman niku?

   Jawab: Ambari lan Gibran sareng rencang-rencang bade dolanan bal-balan.

9.Sikap punapa ingkang dipun contoh saking guneman niku?

   Jawab: Bli oli lupa nang janji.

10.Teng pundi panggonan(tempat) guneman niku?

   Jawab: Griyae Ambari.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar